Ragam ucapan sungkeman lebaran atau idul fitri dalam bahasa Jawa Kromo

Ragam ucapan sungkeman lebaran atau idul fitri dalam bahasa Jawa Kromo

setia1heri.com – Ragam ucapan sungkeman lebaran atau idul fitri dalam bahasa Jawa Kromo. Banyak ragam dan jenis ucapan selamat hari raya khususnya bagi orang Jawa. Bagi kawans biker ada ucapan selamat hari raya yang tidak jauh-jauh dari unsur kendaraan. Atau kalau dengan bahasa Indonesia juga tidak sedikit contohnya ucapan selamat Hari Raya. Bagi orang Jawa mungkin ucapan berikut bisa dicoba ketika sedang anjangsana ke orang tua maupun tetangga sekitar. Monggo disimak gans..

Ragam ucapan sungkeman lebaran atau idul fitri dalam bahasa Jawa KromoRagam ucapan lebaran atau idul fitri dalam bahasa Jawa Kromo. KHS menghimpun ragam ucapan ini dari grup facebook BASA JAWA KRAMA yang diunggah para anggota dengan beragam versinya. Biasanya ucapan ini dilafalkan ketika salaman dan sungkeman terhadap orang yang lebih tua. Monggo disimak gans..

M Yunus Arjom :
Ucapan Sungkem Lebaran Bahasa Jawa Kromo di Hari Fitri silahkan di hafalkan dari sekarang👇

1. Kulo ngaturaken sugeng riyadi lan nyuwun pangapunten dhumateng sedoyo kelepatanipun lan klenta klentinipun kulo.

2. Kulo mriki sowan dateng ngarsanipun bapak/ibu/mbah. Sepindah kulo tuwin lan silaturahmi kangge paseduluran sesami tiyang muslim. Kaping kalih kulo nyuwun pandonganipun bapak/ibu/mbah. Lan ingkang kaping tigonipun kulo nyuwun pangapunten seagengipun samodra pangaksami dhateng sedaya klenta klentunipun lampah kulo tumindak lan anggene kulo matur ingkang kulo jarag nopo dene mboten dipunjareg.

Semanten niko kulo nyuwun mugi mugi saged ndadosaken penggalihipun panjenengan lan manahnipun kulo tentrem. Lan ingkang ugo kito suwun suwun, mugi ibadah kulo lan panjengengan saged ketampi ing ngarsane gusti Allah SWT lan mugi Allah kersa maringi pangapunten dumateng sedaya kelepatan kito sedoyo.

3. Kulo sowan wonten ing ngarsanipun Bapak/Ibu. Sepisan, nyaos sembah pangabekti mugi katur ing ngersanipun Bapak/Ibu. Ongko kalih, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kulo saklimah, tuwin lampah kulo satindak ingkah kulo jarang lan mboten ndadosaken sarjuning panggalih. Mugi Bapak/Ibu kerso maringi agunging samudro pangaksami. Kulo suwun kaleburna ing dinten riyadi puniko lan ingkang putra nyuwun berkah soho pangestu.

4. Kulo ngaturaken sembah ngabekti dhateng panjenengan, ugi nyuwun pangapunten ing sadeleme manah dumateng sedaya agengipun kelepatanipun tindak tanduk ingkang katingal menapa mboten katingal. Mugi mugi Allah nglebur dosa kulo lan panjenengan ing dinten riyaya meniko.

5. Ngaturaken sembah pangabekti kawula. Sepinten kalepatan kulo, lampah kulo setindak, paben kulo sakecap ingkang mboten angsal idining sarak, kulo nyuwun pangapunten mugi lineburo ing dinten riyoyo puniko.

‘Moga bermanfa’at…🙏

Ragam gaya foto dan ucapan lebaran khas anak motor dan anak bengkelHariadi Giarso :
Naturaken Wilujeng Riyadi
1443 H.
Nyuwun Pangapunten Sedoyo
Kalepatan Mugi Lebur ing Dinten
Riyadi Puniko.Gusti Allah tansah
Paring berkah dumateng Kito sedoyo.Aamiin ya Robal alamin

Subandi :
Nderek silaturahim kagem Bapa saha Ibu.
Engkang sepindah ngaturaken Sungkem pangabekti kawula saha keluwarga.
Engkang sak lajengipun Ngaturaken sugeng riyadin, Sedaya kalepatan kula engkang dipun sejo saha engkang mboten dipun seja, Lampah sepindah wiraos seklimah mugi saget lebur wonten ing dinten riyadin punika lumantar Bapa saha Ibu.
Nyuwun tambah doa saha pangestunipun mugi anggen kawula pados pangupa jiwa, kaparingan gangsar, sale jumeneng bebrayan agung mugi saget langgeng ngantos kaken ninen.
Nderek handedonga mugi Bapa saha Ibu tansyah pinaringan kesehatan, kabagas warasan twin kawilujengan saha tansyah pikantuk ridhanipun gusti saha tansyah dipun.paringi berkahipun … Aamiin

Gerry Maulana :
Ngaturaken sugeng riyadi, Pak/Ibu sedoyo lepat kulo ingkang sampun kelampah nyuwun agunge Samudro pangapunten…

Idawati Samidah :
Kepareng matur Baak/Ibu (dll), sowan kula, sepindhah ngaturaken sembah bekti wonten ngarsanipun Bapak/Ibu, kaping kalihipun tuwi kawilujenganipun Bapak/Ibu, salajengipun ngaturaken sugeng Ariyadi,lan mbokmenawi wonten kalepatan kula ing ndalem setahun punika, lampah kula setindak, wiraos kula seklimah, ingkang mboten pikantuk idining sarak, kula nywun agunging pangaksami, saha nywun tambahing pangestu🙏

setia1heri Turing sasi Ruwah, Sungkem Emak di Kampung (3)Mu Ryo No :
Kepareng matur simbah. Kula sak kluarga sowan wonten ngarsanipun simbah sepisan ngaturaken sungkem pangabekti kunjuk dumateng simbah sekluarga,
.
Kaping kalih ngaturaken sugeng riyadi. Mugi2 sibah sekluarga diparingi barokah, siam romadon simbah skluarga dipun tampi dumateng Allah swt
.
Kaping tiga kula sakluarga nyuwun agunging pangapunten ingkah dipun sejo menopo mboten dipun sejo. Mugi sedaya kalepan kalebur ing dinten riyaya menika
.
Sak lajengipun kula sakkeluarga nyuwun donga pangestunipun sibah sekluarga. .

Kus Tiyah :
Sugeng Riyadi ….ngaturaken sedanten kelepatan Kulo lahir temekaning batos nyuwun agungipun pangaksomo ….mugiyo lebur ing dinten Riyadi meniko

Cahyono :
Cara ponorogoan : sepindah anggen kula sowan si mbah badhe ngaturaken sedaya kelepatan, mbok bilih wonten setunggal tahun anggen kula sowan, ngromat kalian sedaya tindak tanduk tasih kirang tumrapipun manah panjenengan. Kaping kalih ngaturaken sugeng riyadin mugi tansah pinaringan rahayu wilujeng tebeh saking sedaya sangkala lan tansah pinaringan berkah manfaat. Sak lanjengipun nyuwun doa pangestu saking panjenengan ugi panjenengan mugi tansah pinaringan yuswa panjang sahingga saget dados sesepuh ingkang kagungan aji ampuh lan di pun suwun pituturipun.
Kirang langkung tapi asring kula kirangi 😂😂😂

tulisan unik mudik di kendaraaan atau punggungJody :
Ngaturaken Sugeng Riyadi 1443H
Mugi Gusti Allah SWT tansah maringi hidayah barokah dumateng kito sedoyo rahayu ingkang tinemu jumbuh ginayuh sembodo ingkang sinedyo lan tetep adhap asor tepo sliro marang pepadaning menungso
Hamemayu Hayuning Bawono

Ridwan M. Surono :
Taqobbalallahu minna wa minkum wa ahaalallah ‘alaika
Kullu ‘Aamin wa Antum bi Khair
Sumunaring lintang tawang ratri linambaran raos arum pangruwating jiwo winahyo lekasing sedyatama.
Kanthi tansah memuji wonten ing ngarsanipun Allah Azza wa Jalla, kepareng hangaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawal 1443 H. Nyuwun lumunturing sih pangaksami, Hangajab sedaya lepat khilaf lebur dening pangastuti. Gumantos rumaketing silahturahmi, Aamiin.

Den Mas Suryo Kusumo :
ATUR PANGAYUBAGYA IDUL FITRI
ARUMING PANGRUWATING JIWA, WINAYAH ING LEKASING ATI SUCI, SUMUSUL LUMUNTURING NUGRAHA JATINING NUGRAHA.
RINENGGA PUDYA PUDYANING SATATA KANTHI PERBAWANING RATRI. SUMINARING SURYA DINTEN RIYADI CINANDRA RESIK ING WARDAYA.

NADYAN NETRA TAN SASMITA, LATHI TAN WICARA, HAMUNG AKSARA TINATA MINANGKA DUTA,
KANTHI BEBEG ANDHAP ASORING MANAH SINARENG ING DINTEN RIYADI KULA NYUWUN GUNGING PANGAKSAMA
WILUJENG RIYADI IDUL FITRI 1443 H
MINAL AIDIN WAL FAIDZIN

Akhmad :
Ngaturi sugeng bu?bade kepareng matur kulo enjang2 sowan ibu sepindah silaturahmi,kaping kalih tuwi kawilujengan ibu.ngaturaken kalepatan kulo lahir batos,lantaran dinten riyadin meniko mugi2 Gusti Alloh kerso pangapunten duso kulo kalian ibu….Nggih sak kondure dawah sami2 kulo tiyang sepah cok katah klenta klentune tentu katah lepate kalih njenengan mugi2 nggih Gusti Alloh kerso ngapunten kulo njenengan kangge lantaran dinten riyadin meniko.

Wahyu Hastono Adi :
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُه
“Gilir gumanti padhang tetrawangan ing wayah ratri”
“Nadyan netro tansasmita, lathi tanwicara, hamung aksara tinata minangka duta”
Kulo Wahyu Hastono Adi lan keluargo, kanthi lebetipun manah. Ngaturaken Sugeng Ariyadin Fitri Setunggal Syawal 1443 H
تَقَبَّلَ اللّهُ مِنَّ وَ مِنْكُم
Saha kulo nyuwun agunging samudra pangaksama wiwit lahir trusing batos. Menawi kathah luput lan solah bawa engkang kirang nuju prono. Lan mugi bapak saha ibu tansah pinaringan karaharjan, kabegjan, kamulyan lan kabagaskaran saking Allah SWT lan mugi sedanten amal kita sesarengan dipun tampi wonten ing wulan Ramadhan tahun niki. Aamiin
وَ السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

sumber : grup facebook BASA JAWA KRAMA

Well,itulah brosis Ragam ucapan sungkeman lebaran atau idul fitri dalam bahasa Jawa Kromo

Maturnuwun

baca juga :

Comments

comments

Tentang setia1heri 5693 Articles
Seorang Bapak dengan 3 anak. Suka jalan-jalan dan corat-coret tulisan perjalanan. Hobi berkendara menunggang roda dua. Tak paham kuliner namun tidak ada makanan yang dicela alias doyan semua...hehehe. Maturnuwun. follow twitter : @ setia1heri

1 Trackback / Pingback

  1. Joke atau plesetan saat ucapan mohon maaf lebaran atau selamat hari raya idul. - setia1heri.com

Monggo dikomeng gans..